Cerita


Jaka Bereg

        Ing sawijine dina sawise mulih saka dolanan karo kaca – kancane, Jaka Bereg katon susah atine. Dhewke ora gelem mangan lan praupane katon mbesengut.
“Ana apa ta Ngger…? Teka saka dolanan ora biyasane kowe kaya mengkene…?” Pitakone ibune.” Coba critakna karo Ibu, apa sing mentas kokalami!” Pitakone Dewi Sangkrah kang uga akrab diceluk Rara Blengoh. Ibune sing wis setengah umur, nanging isih katon ayu blengah-blengeh, mulane wong Kampung Lidah nyeluk ibune Rara Blengoh.
        “ Kulo mboten kiyat Bu.., saben dinten kula dipunundhamane kaliyan kanca – kanca kula. Criyose kulo mboten gadah bapa, punika punapa leres, Bu? Sinten Bu sudarma kula, Bu…?” Pitakone Jaka Bereg. “ Wis enggal critakna wae apa anane marang Bereg, Ndhuk! Ngendikane Eyang Wangsadrana.
        Ora krasa eluh wiwit tumetes ing pipine Rara Blengoh. Rara Blengoh banjur nyikep putrane lan ngrangkul ngajak mlebu omah. Eyang Wangsadrana ora krasa uga melu mbrebes.
“Saudaramu sejatine Adipati Jayengrana ing Kadipaten Surabaya,Ngger. Mengko, yen awakmu wis diwasa dakparengake sowan menyang Kadipaten. “
        Rara Blengoh banjur nyritakake larah – larahane kadadeyan 13 taun kepungkur marang Jaka Bereg. Dheweke bisa mangerteni Manawa ibune mung garwa selire sang Adipati. Sawise iku, Jaka Bereg katon ayem.
        Jaka Bereg kalebu bocah sing sregep tumandang gawe. Saben dina ngarit golek suket kanggo pakan sapine Eyang Wangsadrana. Ora lali dheweke golek woh galing kanggo pakan pitik jago klangenane. Pitik jago utawa sawunge seneng mangan woh galing, mulane wong - wong Kampung Lidah asring nyelukJaka Bereg kanthi sebutan Sawunggaling. Sawise rampung, Eyang Wangsadrana ngajari Jaka Bereg olah kanuragan lan olah kagunan sanjata.
        Wis 3 taun kliwat anggone ngenteni palilahe ibune saperlu sowan marang ramane ing kutha Kadipaten Surabaya. Jaka bEreg wis ora sabar. Wekasane ibune ora kuwawa menggak niyate putrane.. Mulane Jaka Bereg banjur pamitan marang ibu lan eyange. Eyang Wangsadrana wis ora kuwatir marang Jaka Bereg, awit dheweke wis isa njaga dhiri samangsa-mangsa ana bebaya. Rara Blengoh maringake Cindhe Puspita peparinge garwane nalika isih mapan ing kutha kadipaten.
        Satekane, Sawunggaling ora bisa sowan ing ngarsane ramene. Ora sembarang wong bisa sowan. Ora ana siji wae prajurit sing bisa ngrangket Sawunggaling, wekasane sing ngadhepi Sawunggaling putrane Adipati Jayengrana karo garwa prameswari aran Sawungrana lan Sawungsari. . Senajan dikroyok, Sawunggaling lan Sawungsari sing keteteran dhewe.
        “Mandheg…!. He, bocah bagus… sapa jenengmu, lan saka ngendi pinangkamu?” Pitakone Adipati Jayengnara. “Kula pun Jaka Bereg, Gusti.
Tiyang – tiyang jejeluk kula Sawunggaling. Kula putranipun kanjeng ibu Rara Blengoh, eyang kula Wangsadrana. Kula mriki naming kepingin suwita lan ngabdi dhateng panjenengan.
        Sang Adipati kaget. “Lha, bapakmu aran sapa bocah bagus ? Apa ibumu saiki wis kagungan garwa maneh ?” pitakone Adipati.
“Ngendikanipun kanjeng ibu, rama kula Adipati Jayengrana. Niki Cindhe Puspita kagungane ibu, minangka bukti menawi kula putranipun kanjeng ibu Rara Blengoh.” Adipati Jayengrana eling rikala semana nate maringake Cindhe Puspita kasebut sadurunge pisah karo Rara Blengoh. Batine Sang Adipati ngendikan, ora kleru maneh Manawa bocah bagus kasebut ora liya putrane dhewe.
“Sawunggaling ora kleru maneh Thole. Aku ramamu cah bagus.” Pengendikane Adipati karo nyikep Sawunggaling. Sawungrana lan Sawungsari ditepungake marang Sawunggaling, yen sejatine Sawunggaling isih adhine dhewe. Tekane Sawunggaling mung dadi pepalange nggenteni kalenggahan ramane. Mangkono pamikire sedulur-sedulure.
Ing sawijine dina, Kadipaten Surabaya katekan Kompeni Walanda. Para prajurit Kompeni ngrabsa Kadipaten Surabaya, merga Adipatijayengrana ora gelem diajak kompromi marang Walanda. Adipati Jayengrana gugur ing glanggang payudan nalika perang mungsuh Walanda.
        Kanggo ngisi kosonge paprentahan ing Kadipaten Surabaya, Ratu ing Tanah JAwa Kanjeng Sinuwun Sri Pakubuwana I ing Kraton Kartasura nganakake sayembara.. Sapa wonge kasil nyodor Umbul – Umbul Yuda ing Pucuking Menara Galah bakal diparingi bebana dadi Satriya Pinunjul lan sinengkakake ing ngaluhur dadi Adipati ing Kadipaten Surabaya.. para satriya kang unggul padha melu sayembara kalebu Saunggaling, Sawungsari, lan Sawungrana. Kabeh satriya padha nyoba disekseni Kanjeng Sinuwun Pakubuwana I ing alun – alun Kutharaja Kartasura. Sawunggaling sing teka keri kasil menangake sayembara. Pungkasane Sawunggaling winisuda dadi Satriyatama lan diangkat dadi Adipati Surabaya kanthi gelar Kanjeng Adipati Jayengrana II.
        Sawunggaling nerusake perjuangan ramane mbebasake Surabaya saka Walanda.. Para warga ing Kadipaten Surabaya saiyeg saekakapti mbangun Kadipaten Surabaya. Keluargane Sawunggaling kaboyong soko Kampung Lidah menyang Kadipaten Surabaya. Para kawula urip ayem lan tentrem. . Jiwa kasatriyane Sawunggaling sing apik ndadekake kawulane banget nresnani marang junjungane. Kahanan iki ndadekake sumelange panjajah Walanda. Pungkasan crita, Kompeni Walanda ngerigake bala tentarane kanthi sanjata sing luwih maju lan modern. Sawunggaling gugur ing madyaning palangan rikala dumadi perang gedhe antarane Kadipaten Surabaya mungsuh Walanda. Sawunggaling gugur dadi kusumaning bangsa lan asmane angganda arum nganti saiki ing madyaning warga kutha Surabaya.   

0 komentar:

Posting Komentar